16 April 2005
B - Mode
Mbuh kenangapa siki aku lagi kepingin maning ngisi belogku. Wis mandan suwe nganggur ora tau diiseni. Yah maklum baen, gawenan lagi ana nang pucuke. Untunge siki sih wis mandan ra kaya wingi- wingi maning. Kiye juga gara-gara sambungan internete njeglek. Jebule kabel modeme bodol. Paahal wis telung minggunan lewih. Bisane sedela tok, paling limang menitan terus ra nyambung maning, ya wis ra papa. Lumayan bisa nggo mbukak imel.
Siki kabel modeme wis ditukar anyar, mereke pada, motorola. Rebo wingi ana teknisi sing tekan ngecek sambungan kabel karo kabel modem. Ternyata kabel modeme NG (enji). Nek kon tuku lah wegah, larang, duwite urung dialokasikan nggo hal - hal kaya kuwe.
Mumet ya macane ? Ora ngerti maksude ? Ya ora papalah, moodku lagi braling abiss.
Eniwe .. met akir pekanan.. ya
Filed under Purbalingga by kukuh
Leave a Comment